SULUK PATHETAN SINOM (Pelog)

Sulukan ini karya Ki Blacius Subono, S.Kar, M.Sn #b.subono CAKEPAN: Sasedyané tanpa dadya Sacipta-cipta tan kolih Kang reraton-raton rantas, O____ Mrih luhur asor pinanggih Bebendu gung nekani Kongasing kanisthanipun Wong agung nis gungira Sudirèng wirang jrih lalis Ingkang cilik tan tolih ing cilikira, O____ O____ Wong alim-alim pulasan Njaba putih njero kuning Nemaha mangsah maksiyat Madat madon minum main Pak Ompakan Suci-suci mbentusi Gelare mung kinarya apus Wadon nir wadonira Prabawèng saloka rukmi Kabèh-kabèh mung amangro tingalira, O____ O____ #sulukan #aangwiyatmoko #ayaktalu #prabancana #wayangkulit #