GEDOG BUKA GUNUNG PERTAMA~GAYA DALANG KI SUGINO SISWO CARITO { KSSC }
#Wayangkulit #Gagragbanyumasan #dalanggino Hong willaheng Awignam wastu nama sidhem. Ana ratu sudibyo pranating rat pramuditaRep, rep surup hiwang PratanggapatiMantra-mantra wetan anggendanu kilen. kilen pinayungan asta gangga wirandanu.asta-tangan, gangga-banyu, wira-papan, danu (tanu) tegesipun tulis wonten pitaken... sepuh pundi papan saha tulis?seweneh wonten ingkang mastani sepuh papan, seweneh wonten ingkang mastani sepuh tulis Ananging menawi dhalang mastani papan saha tulis tan prabedo ujaripun para winasis, dhalang punika ngudhal piwulang. awit ndhalang karana nggelarake suraosing wedhosetunggal wedha paramayuga,kalih wedha pustakaraja, tiga wdha purwakandha,sekawan wedha mahabarata wedha sekawan ngemu suraos:Ha-Na-Ca-Ra-Ka, Da-Ta-Sa-Wa-la,Pa-dha-Ja-ya-Nya,ma-ga-Ba-Tha-Nga.Ha na Ca ra ka : dumunung wonten sisih wetan,Da ta Sa wa la : kidulpa da ja ya na : kilenler : ma ga ba tha nga Purwaning cariyos awewaton: Kandha Budha Purwaka.Kandha marang caritane, budha marang asale,purwaka marang kawitane pramila samangke kawastanan perang budikang tetela karya telilasing tabetingkang awujud gambare rineka jalmayaiku ingkang kawastanan wayang. wayang pralampita wewayanging agesang sarta gegambaring pakartiPakarti sae lan pakarti awon. wayang, kawinipun ringgittegesipun karipto miring sarana dipun anggitAnggitanipun para pujangga linangkung dhuk ing unikalebet kanjeng sunan kalijaga. Gumelaring jagat raya yekti wonten jaman ageng tigang perkawis:Setungal jaman tirtayugakalih jaman dwaparatiga jaman sengara. senadyan jaman tiga, sajuga ingkang minangka awewaton yaiku: jaman tirtayuga. Kawastanan jaman tirtayuga awit jagad ingkang gumelar taksih ngawang-uwung tan wonteng aneng marcapada.aming wonten wewarnen catur warno yaiku:surya, Candra, Kartika miwah bawana. Sinigeg ingkang hamurweng kandha... suh, rep datapitana Nanenggih negari pundi ta punika ingkang ka-eka adi dasa purwa?Eka-wilangan siji, Adi; tegese linangkung dasa: wilangan sepuluh, purwa iku wiwitan Senadyan kathah titahing dewa ingkang kasongan akasa sinangga ing pratiwi, kapit ing samudra kathah ingkang sami anggana rarasNanging mboten kadya negari ngastina ya nggara liman benawi ya ing kraton gajahaya. Pramila pantes kinarya bebukaning carios awit negari ngastina kang panjang-punjung, panjang pasir wukir, loh-jinawi, gemah ripah kerta tur raharja. panjang dawa, dawa pucapaning praja,Punjung dhuwur luhur kawibawaning nalendra,pasir iku samudra, wukir iku gunung. Negara ngastina kathah pagununganipun ngeringaken pasabinannengenaken benawi, ngayonake bandaran ageng, loh tulusing ingkang sarwo tinandur jinawi murah ingkang sarwa tinuku gemah para kawula kang lumaku dagang siang pantaring latri tan ana pedhote, labet datan ana sengsayane ing margi.aripah para kawula ingkang sami dumunung wonten salebeting kitho saking kathaing wisma ngantos ketingal jejel, apipit aben cukit tepung tritis papan wiyar ngantos ketingal rupek saking raharjaning negari Kerta tebih saking parang muka. Ingon-ingon rajakaya, kebo yen siang sami agelar wonten pangonanyen sore sami wangsul mring kandhangane dewe-dewe. Raharja narakismo ing pedhusun sami tentrem ngumpul anggnnya mangolah tetanen.narapraja, mentri bupati saperanakanipunsedaya sami lumrah bijasana limpeding kawruh putus marang wajib pangolahing praja.sayekti negara ngastina negara kang gedhe obore, adoh kuncarane, tur jembar laladane. nalendra ngastina, nalendra ingkang sugih dunya brananalendra ingkang bandha-bandhu sentananalendra gung binatara Ananging sri Naranata andarbe kuciwa,kuciwanipun nalendra ngastina sang prabu andarbe watak candala budi ingkang nasar. sinten ta jejuluking nalendra ngastina?yaiku kang jejuluk Prabu Suyudana ya sang Prabu jakapitana, Ugi jejuluk Prabu Kurupati ya sang prabu anggendari putra. marma jejuluk prabu kurupati, sang prabu kadang pembayuning para kurawa nujuari respati,sri naranata miyos sinewaka lenggah wonten kursi Gading dampar kencanangagem lelemek babut linamatan ingkang binathik ing kemala naranata lenggah ka ayak bedhaya sarimpimanggung ketanggung ingkang sami ngampil upacaranata,banyak dhalang, ardawalikasawunggaling, kacumas dwipangga kang sarwa retna. Sri Naranata lenggah sinebaring sari ganda widuring sajebadan kasturiKinebutan talar badhak kanan kering kongas gandanipun sang prabu. rep, sidhem premanem, tan ana baning walang asilik, samirana, datan lumampah godhong kekayon mboten ketingal obahingkang kapiarsa ming suwantenipun si engguk tunwin jalak ingkang samiya munya saluhuring tratag rambat, tuwin suwantening abdi gendhing pandhe kemasan ingkang sami nyambut karyaning rati kapireng pating tlengkrang (clengkrang)-pating tlengkring (clengkring) imbal ganti mandraga (mandrawa) teka ndamel srining panangkilan Sinten ta punika ingkang seba wonten ngabiyantara nata?Wrangka dalem: patih julig nang

ALBUM GORO GORO,SREPEG BANYUMASAN.KI SUGINO SISWO CARITO { KSSC }

WAYANG KULIT KI SUGINO SISWOCARITO || KRESNA DUTA || SERI 8 TAMMAT #banyumasan #dalanggino #kresna

LADRANG WAHYU.GUDRIL BANYUMASAN.AYAK TALU SOLO.SREPEG MANYURA.PALARAN.KI SUGINO SISWO CARITO

ULER KAMBANG KUTUT MANGGUNG - NYI TJONDROLUKITO TERPOPULER !!!

Sabetan wayang kulit dalang Ki Mongko Daryono ⭕ Brambang Jahe Kuripan Cilacap

BEDOL KAYON Lanjut SRIMPEN BANYUMASAN.DALANG ALM KI SUGINO SISWO CARITO { DALANG GINO }

SUMPAH KURAWA DI BARATAYUDA ~KRESNA DUTHA || KI SUGINO SISWO CARITO

Terbaru 2026 Jo klutuk versus Ki Joko edan di gaprangkanigoro blitar

Rekaman Lawas.Lucu BAWOR Nantang BALADEWA~KI SUGINO SISWO CARITO

PANDAWA SEKTI DISC 1 - KI SUGINO SISWOCARITO (ALM)

Gendhing Srikaloka Ktw Sinom Parijatha Sm Nyi Tjondrolukito

Gending" Jawa Pembuka Wayang Kulit.Karawitan Sri Budaya Ki Sugino Siswo Carito { Dalang Gino }

Bikin merinding⚜️Ki yusuf berani memainkan lakon yang satu ini

Gendhing Jawa - Nyi Tjondrolukito

WAHYU KENDOGO INTEN Ki Dalang SOEGINO SISWOCARITO Part 7/7 TAMAT

PATALON AYAK SOLO.AYAK TALU BANYUMASAN Munggah SREPEG BANYUMASAN || KI SUGINO SISWO CARITO { KSSC }

GEGER GEDHEN...!! DETIK-DETIK DALANG KABUR DAN DI GANTIKAN KI WAHYU

Bagong lucu👉Goro Goro lucu Sepanjang Masa | Alm. Ki Seno Nugroho@bagonglucu6113

Ki Nartosabdho, Talu Klasik, lembut, tajam dan menghanyutkan. Talu dalam Lakon Arjunawiwaha

