(LIRIK) BOWO LANGGAM MELATI RINONCE - IKA SUHESTI - KASIHAN BANTUL 2018

Judul: Langgam Melati Rinonce Vocal: Ika Suhesti Ciptaan: Ki Nartosabdo Pengiring: Karawitan Wargo Laras Yogyakarta . . BOWO: Kang kadulu reroncen melati Malela katongton Rino wengi amung dadi impen Pepuntone pantes digoleki Dununge wong manis Ingkang maweh wuyung . LIRIK: Lha kae wus mrene Nyangking kembang melati rinonce Tondho yekti teteping kasaguhane Nuli masrahake Tak tompo nuli dikalungake Soyo tresno tak sawang katon eseme Ing nuli prasetyo Tan nedyo ginggang sak rekmo Uwis nyoto biso gawe roso mulyo Iki pasangonku mawar kuning Kang kudu sumandhing Pangajabku asih lahir trusing kalbu