Pecah Rekor MURI! 5.555 Porsi Mie Ayam Wonogiri

Sitaloka TV - Pamarentah Kabupaten Wonogiri resmi nyathetaken sejarah enggal ing adicara Hari Jadi ke-285. Sakathahing 5.555 porsi mie ayam kasil mecahaken Rekor Museum Rekor Dunia Indonesia (MURI) ing Alun-alun Giri Krida Bakti. Sabtu (4/7/2026) Rekor menika dados lampah strategis kangge ngiyataken branding Wonogiri minangka Kitha Mie Ayam Bakso. Bupati Wonogiri, Bapak Setyo Sukarno, ngajeng-ajeng Wonogiri saged langkung misuwur dumugi tingkat donya. Festival Mie Ayam 2026 dipun rawuhi mboten kirang 10.000 warga. Kajawi mie ayam gratis, wonten ugi maneka kreasi kuliner saha hiburan rakyat. Mirsani pawartos mawi basa Jawi krama alus saking Sitaloka TV: Sita Loka, Warta Tumata. #SitalokaTV #RekorMURI #MieAyamWonogiri #Wonogiri #BeritaJawa #HariJadiWonogiri285